Header Ads

Naskah Teater Bahasa Jawa Kawin Kok Susah Karya Joko Yuliyanto

Naskah Teater Bahasa Jawa Kawin Kok Susah

SENITULAR - Nyritakno ribete adat jawa babagan kawin. Seko arah perjodhohan, anak nomer piro, lair bulan opo, nganti tanggal nikah sing kudu disekseni karo sing mangku adat.

Tradisi jawa sing isih kenthel ana ing  dusun Kliwonan, sakliyane babagan nikah isih ana adat kelairan, sedo, nganti tekan bedal desa nganggo piranti sesajen sak pranatane.

Sanadyan wes padha jejeg anggone nyandang agama nanging isih manteb nggunakne tradisi jawa. Minurut carita para sepuh, iku amarga ing jaman semana agama islam diajarne ing tanah jawa saking Walisanga kanthi alus ora ngrusak tradisi leluhur.

Mula akeh wong jawa sing minat mlebu islam sing isih njawani. Akeh ajaran wali sing isih trep karo adat jawa, terus alon-alon dileboni ajaran islam kanthi telaten. Ananging dadi akeh perdebatan ing kalangan islam nganti tekan jaman android niki.


Baca Juga : Naskah Beruang Penagih Hutang Karya Anton Chekhov


Naskah iki bakal bedah masalah adat kawin kejawen. Akeh anak sing susah entuk jodho merga ora sesuai karo syariat adat jawa. Wes ora ana cinta maneh, isine mung pasrah karo jodho adat sing pener.

Miturut pengalaman para sesepuh, angger-angger enek wong sing nglanggar tradisi adat iku bisa cilaka. Iso nyilakani wong tuwane, suk neng anake, nganti karo sing kawin iku dhewe. Adat jawa, dipercoyo ojo, ora dipercoyo ora keno.

Untuk membaca lebih lengkap naskah teater naskah teater bahasa Jawa Kawin Kok Susah karya Joko Yuliyanto dapat download di LINK BERIKUT.***

No comments

Powered by Blogger.